Kamis, 27 November 2014



NOVEL
Novèl yaiku salah sawijiné karya fiksi prosa kang ditulis. Novèl sifaté naratif utawa wujudé arupa crita. Wong kang nulis novèl diarani novelis. Tembung novèl asalé saka basa Italia novella kang tegesé "sebuah kisah, sepotong berita".
Novèl luwih dawa lan luwih jangkep menawi dibandingake karo cerpèn utawa cerita pendek. Ing basa Jawa diarani cerkak utawa crita cekak. Novèl saora-orané kasusun dèning 40.000 tembung. Novèl uga ora diwatesi karo struktural lan metrikal sandiwara utawa sajak. Umumé novèl nyritakaké ngenani lakon-lakon lan watake lakon ing njero crito. Novel nitikaké critané ing bagéyan-bagéyan kang anéh saka naratif utawa crita iku.
Novèl ing basa Indonèsia uga dibedakake karo roman. Roman alur critané luwih kompleks lan cacahé tokoh kang dadi paraga ing crita roman uga luwih akéh tinimbang novèl. Novèl biyasané ditulis lan dicithak dadi bentuk buku.
Novèl asalé saka basa Italia yaiku saka tembung novella, basa Jerman saka tembung Novelle, lan basa Yunani yaiku novellus.
Ciri ciri novel
1.      Novel luwih dawa lan luwh jangkep menawi di bandingake kar cerpen.
2.      kurang luwing novel kasusun denng 40.00 tembung
3.      novel uga ora di watesi karo strktural lan metrical sandiwara utawa sajak.
4.      jumlahe halaman kurang luweh 100 halaman.
5.      jumlahe wektu rata-rata kang di pergunakake maca novel kang cekak butuhkake wektu minimal 2 jam utawa 120 menit.


 

Unsur unsur novel Unsur-unsur Intrinsik

1.Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
2.Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
3.Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.
4.Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5.Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa  
    ing salebeting cariyos.

6.Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe
   dipunaturaken dhumateng pamaos.
7.Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
   Pangripta saged dados:
   -Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
   -Purusa katiga (orang ketiga )
   -Sarwi mangertos (serba tahu )

unsur ekstrinsik dalam novel

  1. Latar belakang budaya panulis wonten ing novel.
  2. Pandidikane panulis kang wonten ing novel.
  3. Pangalamane panulis wonten ing novel novel .




Tidak ada komentar:

Posting Komentar